Jumat, 10 Maret 2023

Geguritan Kembang Mlathi

 

KEMBANG MLATHI

Dening Niken Haidar

Mendhung peteng aja dirasa,

 disawang wae

 mengko mbaka sithik bakal sumingkir

 Mangkono uga uderane lakune wektu ora bakal bisa kaedhek, 

yen uwis takdire amung bisa dilakoni, 

Rina wengi tansyah mersudi 

jembare manah nampa takdir

 usada laku sinembah Sang Gusti Murbeng Dumadi 

Gela suka pesthi ana 

Ning iku kabeh amung kembange donya

 Aja nganti digawe bingete rasa 

Rasa sumarah gedhe ing pangapura dudu ana ing lathi

 Ning ana ing njerone ati

 Lumantar kembang mlathi iki pasrahe raga sumarah mring Gusti 

#joglo10032023

 


Lenggah

 Dening Niken Haidar Nduk lengkap kene Ana pitutur kang kudu di resepi Nduk enggala lengkap kene Aja pijer nanggis wae Kae lho sawangen remb...