Sabtu, 13 Desember 2025

Lenggah

 Dening Niken Haidar

Nduk lenggah kene

Ana pitutur kang kudu di resepi

Nduk enggala lenggah kene

Aja pijer nanggis wae

Kae lho sawangen rembulanne awe-awe

Pratandha aja turu sore

Ana usada kanggo crita urip ing tembe mburine

Dadia wanita utama

Mersudi matang nusa lan bangsa

Andhap asor matang sapada-sapada

Sumarah takdir Kang Kuasa

Memuji syukur Rahmate Gusti kang Murbeng Dumadi 

yogyakarta 131225


Nonok VS Nonik

 D ening Niken Haidar      Hawane adem panas. Wulan syawal wis mlaku separo, ning hawane ijik kaya riyaya wiwitan. Dalan isih rame karo wong...