Sabtu, 13 Desember 2025

Lenggah

 Dening Niken Haidar

Nduk lengkap kene

Ana pitutur kang kudu di resepi

Nduk enggala lengkap kene

Aja pijer nanggis wae

Kae lho sawangen rembulan ne awe-awe

Pratandha aja turu sore

Ana usada kanggo crita urip ing tembe mburine

Dadia wanita utama

Mersudi matang nusa kan bangsa

Andhap asor matang sapada-sapada

Sumarah takdir Kang Kuasa

Memuji syukur Rahmat e Gusti kang Murbeng Dumadi 

yogyakarta 131225


Lenggah

 Dening Niken Haidar Nduk lengkap kene Ana pitutur kang kudu di resepi Nduk enggala lengkap kene Aja pijer nanggis wae Kae lho sawangen remb...