Dening Niken Haidar
Nduk lengkap kene
Ana pitutur kang kudu di resepi
Nduk enggala lengkap kene
Aja pijer nanggis wae
Kae lho sawangen rembulan ne awe-awe
Pratandha aja turu sore
Ana usada kanggo crita urip ing tembe mburine
Dadia wanita utama
Mersudi matang nusa kan bangsa
Andhap asor matang sapada-sapada
Sumarah takdir Kang Kuasa
Memuji syukur Rahmat e Gusti kang Murbeng Dumadi
yogyakarta 131225

