Dening Niken Haidar
Hawane adem panas. Wulan syawal wis mlaku separo, ning hawane ijik kaya riyaya wiwitan. Dalan isih rame karo wong kang sepedaan silahturahmi, apa maneh abg saiki sing penting hereg'e dhisik malah nek bisa sing adoh sisan. Dar dore merjon kadangkala isih keprunggu, kayak arep njebolke kuping.
Iki dina isih isuk tanggaku kost suarane wis keprunggu ngalahke kandele tembok. Yo wes lha tak tampa wae. Toh suarane isa gawe nglipur ati masiya ora jelas kadang. Jelas diluk engkas lanjut bakal keprunggu renggg mercyne (sepeda motor modif) budal.
Embuh apa mergawene ora ngerti. Sing tak weruhi yen dandan joosss tenan dempule gawe nutupi gulu menjing. Rok mekrok dhuwur e dengkul, topi nonik-nonik, bengesan uabang, alis tebel jian asoy pokoke. Sakjane ya pingin bade ning wedi dosa merga ora eruh tenan kahanane. Rasa penasaranku wus kadung ana ubun-ubun. Jurus detektif tak gawe. Saja kadohan tak tutke. Nonok jenenge tanggaku tak delok menggok gang-gang cilik ngamen goyang gebor. Terakhir mlebu ana plajaran omah gede lawas. Ora suwe akeh bocah-bocah cilik lanang wadon pada metu salaman karo ngemut permen suduk sing di dumi Nonok. "Mbak Nonik njoged yuk! " Panjaluke bocah-bocah pada kemruwek rame. Oalah Nonok ya Nonik aku isin dewe pikiranku elek banget marang awakmu, weruh dawane lomanmu. 2732026puri
Tidak ada komentar:
Posting Komentar