Sabtu, 02 Juli 2022

Pentigraf Jawa

 Jebule

Dening Niken Haidar

Luru ilmu bareng-bareng iku pancen seneng banget. Apamaneh yen luru ilmu ing papan kang nantang uji nyali rasane ati kudu bisa ngayuh. 

Kaya ing dalu iki.  Kawit isuk nganti wengi ngadep laktop. Diskusi materi,  nganti lali wektu. Wancine lingsir ngaso malah pada tarik suara. Goyang ngiwa nengen lali lungkrah. 

Nyatane pancen asyik, mung wae aku kadung duwe janji buwuh ana kanca. Enggal-enggal wae mlaku nang kamar hotel njupuk kunci moil amerga amplope ana njero mobil.Bareng guyon maton ana njero mobil kanca sakkamar telepon. Ealah jebule pada ora bisa mlebu kamar lha kuncine melu buwuh.  (sunrise020722 )



Tidak ada komentar:

Posting Komentar

LINGSIRE YUSWA (Geguritan_Puisi Jawa)

                                                             Ilustrasi Google Dening Niken Haidar Wektune wis lingsir wengi, Ning nyatane ...