Jumat, 27 September 2024

LINGSIRE YUSWA (Geguritan_Puisi Jawa)

 


                                                           Ilustrasi Google


Dening Niken Haidar

Wektune wis lingsir wengi,

Ning nyatane mripat iki ora bisa turu,

kelap kelop ana centhong

 

Isih pingin ngrungokake jangkrik ngerik,

Swara tekek lorek  nyanyi ana dhuwur wuwung

 

Wektune wis lingsir wengi,

Kaya dene mutere masa

Ora krasa ning pratandhane nyata

 

Mripat mulai bunar,

Rambut sinebar putih

Kulit wis ora alus

Iku ngono yen pada rumangsa

 

Nyatane majune jaman mung gawe nutupi kasunyatan

Akeh nom-noman tuwa

Pipi dekik merga disulam

Irung mbangir krana operasi

Rambut putih diwerna abang

Martandani yuswa lingsir

ning kok akeh kang ora rumangsa

 

 

Kagok07062017-2021

 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

LINGSIRE YUSWA (Geguritan_Puisi Jawa)

                                                             Ilustrasi Google Dening Niken Haidar Wektune wis lingsir wengi, Ning nyatane ...