Dening Niken Haidar
“Tak
sawang mawar biru peparing saka sliramu
Isih
seger, isih wangi ngebaki centhong iki
Mawar
biru kang karangkai endahing sukmamu
Tak
dekep ana telenging atiku”
Bait
ukara anggonku ngurit karonce kanggo sliramu kang Paiman . Tali asmara iki
kasambung kanthi sesideman. Merga beda kasta trahe kasat mata manungsa.
Tresnaku amung bisa ing ati.
Kurang
luwih setengah windu digantung tali
tresna. Ora bisa nyambung tali sih karo liyan. Tansyah kebayang tresna gatine.
Kang Paiman lunga luru ilmu menyang manca. Iki dina kapangku kaya ora bisa ketahan. Apa maneh
entuk pawarta menawa ijin sinauku ana negara kang pada karo Kang Paiman disetujoni.
Rasa bungah muga bisa nglukis asmara bareng.
Tiket pesawat kecekel tangan. Eba endahe iku bayanganku ana pikir. Mesam-mesem dewe lungguh nunggu ana broading lounge. Sorote sunare srengenge agawe nyawang kang pada pating sliwer liwat katon peteng. Kledang-kledang wewayangan kang banget tak kenal solah bawane. Koper diseret langkah dawa nyantai kang ngawe kapang ati iki. Rasa ati ora karuan. Detake jantung kaya playune sepur. Ora krasa sikilku ngadeg. Pitung jangkah maneh rasane kaya adoh banget. “Kang Paiman!” saka mburiku ana kenya mlayu ngrangkul Kang Paiman. Sakkala mawar biru ana atiku layu. Aku mung isa meneng ora krasa eluh uwis tumetes kaya udan deres banget.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar