Sabtu, 30 April 2022

Geguritan (Puisi Jawa)

 PIWELINGKU KANGGO THOLE

Dening Anik NIken Asriningtyas



Laku iku kudu dilakoni le

ora ana mung diucap

Ora amung dicela

Lisan iku sumbere pahala

Uga malah-malah sumbere memala

Ucape lisan kudu dijaga

Aja seneng gawe bingete ati

Aja seneng gawe congkrahe liyan

Sakecap

Amung sakecap  Le 

Ning isa ngrajam ati dadi sakwalang-walang

Mula pesene ibu

Ora mung lakune urip marang Gusti wae kang dijaga

Ning uga kudu tansyah njaga lakune urip marang sapada-pada

Iku paugeranne manungsa kang tansyah njaga rasa marang liyan

Mula jagane ucape lathi lan lakune urip

Mung iki piwelingku ThoLe

#Joglo

19012022

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

LINGSIRE YUSWA (Geguritan_Puisi Jawa)

                                                             Ilustrasi Google Dening Niken Haidar Wektune wis lingsir wengi, Ning nyatane ...