Rabu, 15 Februari 2023

CERKAK

 

CARITA SAKPENGGAL

 Dening Niken Haidar

 

Srengenge wis wayahe angslup bali ana sisih kulon. Cahyane sumunar jingga kang endah disawang saka pinggire bukit. Ngelih kang ak rasakake kawit mau, sansaya rasa nujem ana njero weteng. Ora pilih-pilih panganan, mung merga lokasi antara panggonane pelatihan kar warung lumayan adoh, ora bisa kajangka sikil. Kepeksa kudu mudun gunung nganggo sepeda motor.

Linggak-lingguk ana dalan ngolek warung kang cocok karo selerane weteng kang nyanyi lagu kroncong ora mari-mari. Angel pancen ana ngunung. Rejeki tenan ana salah sijine warung kang plakate singgidan ana mburine cuci sepeda motor. Lan uga reeki sikil munggah mudun merga warunge luwih dhuwur ketimbang ratane. Ah, ora apa-apa sinambi olahraga batinku.

Uluk salamku dijawab swara kalem ana njero warung. Wanita setengah tuwa, rambut irenge sinembar werna perak.Gurat ayu isih aktn cetha ana pasuryanne. Ada perempuan tua

"Saget bungkus sekul nggih, Bu?" pitakonku kar tak sambi ngrasakake ademe warung. Resik asri, iku kang ana pikiranku.

" Isa, Mbak" wangsulane Ibu kang duwe warung ora lali eseme nempel ana pinggire lathi.

"Sekul campur wonten, Bu". Pitakonku sinambi mbales esem manise Ibu. Rasa ing ati kangen marang almarhum ibuku dewe.

"Wah, uwis entek Mbak, kari lodeh,ayam,bali. Piye  mbak? Wangsulane logat jawane medhok tenan.

" Nggih mboten napa,Bu". Aku mlangkah lungguh ana bangku dawa njero warung. Ora lali ndudut krupuk upil kang disampirne ana paku. Kebiasaan panten, mripat usilku nelisik marang  ujung - ujung panggonan kang resik rapi. Warung cilik, ning ana mburine ngadeg omah kang lumayan gedhe, kurungan manuk ngantug ana teras. Ijone gegodhongan maneka kembang kanton asri kejejr ana pot-pot cilik gede..

Jenenge wae wong iseng. Sibu masak ana pawon mburine tak tutake. Idep-idep ngakrabkake rasa.

"Yuswa sampun pinten Bu?" pitakonku karo sendhepel ana pinggire lawang pawon.

"Walah wes tuwek mbak, sewidak pitu", wangsulane katon kenes.

"Tahsih ketinggal enem bun" pangelembanaku. Pancen kaya isih enom ora ketara yen tuwa. Disawang saka sigrake solah bawane anggone ngangetake lawuh.

"Isa waae mbak pean, ya wis ngene iki yen dadi wong tuwo, urip dewe" Sakkala paupane malih rada sungkawa.

"Mboten gadah putra napa Bun". Aku malih rada wedi. Ati-ati banget anggonku takon. Karo ambegan gede nata ati panjengane crita.

"Lima mbak anakku, loro ana Pontianak nyambut ngawe, loro ana Surabaya, siji ana kutho(Mojokerto), wes dadi kabeh , masiya  di tinggal disiki bapake"

Siyak dadaku eling awakku dewe, Ya Allah paringi kekiyatan.Ngadepi urip iki.

'Kok mboten nderek putrane Bu’ pitakonku tak lanjutake, mesisan gawe ben tuntas rasa penasaranku.

"Sakjane ya dijak Mbak, malah dipenakna,ora oleh tandang gawe ,duit disangoni, Nang ngendi-endi diterno. Pas rikala mulih Kaji ana anakku ing luar Jawa sak wulan. Oalah mbak awakku malah kuru. Rasane awak lara kabeh, ora tandang gawe . Aku milih  enake ngene wae mbak.Nang pasar mari subuh blanja terus masak. Ana warung, rasane awak seger kabeh, ndonga wae ben diparingi seger waras masiya adoh anak putu sing penting kuwarasan syukur nang Pengeran"

Alhamdulillah masiya critane si ibu dawa ning ora kelalen anggone mbungkusake sega. Ora rinasa wektu mung sedela ning oleh samudrane kasih si ibu kang ora ngarep-arep walesane budi saka anak-anake, mung tansyah dedonga marang anak ptune kang adoh saka pandhelenge mata, tanda syukur marang sing Ngawe Urip. Joglo 13102021

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

LINGSIRE YUSWA (Geguritan_Puisi Jawa)

                                                             Ilustrasi Google Dening Niken Haidar Wektune wis lingsir wengi, Ning nyatane ...