Jumat, 10 Februari 2023

 

YO WESLAH !

Dening Niken Haidar


        Ambegan gedhe, mbuang rasa ing njero dada. Dina-dina kang kalampahan katon sepa. Ora krasa manis blas. Sak wise aku weruh kasuyatan kang ana ing ngarepe mripat.

Ora patiya ganteng lan uga ora patiya elek. Mung sedeng-sedeng wae. Priya kang lagi wae magang ana kantor. Lulusan manca negara jare. Bebudene apik, andhap asor. Jian ora ana cacate babar pisan.

Akeh kanca wadon kang pada kepicut, pingin dadi pacanganne. Ning deweke mung mesam-mesem tok yen ditakoni. Aja-aja kok bisu, pikirku. Dilalah pirang-pirang dina aku oleh tugas bareng karo deweke. Seneng rasane ati. Apa maneh katone polate tansyah sumrigah, lan gati banget karo aku. Suwe-suwe sirahku rada gede. Aja-aja bakal tukul winihe asmara. Aku mung ngagas karo mesam-mesem. "Ning ditimbali bu bos, " ceblekane Ardin priya magang
mbuyarake anggonku nglangut. Kanthi rasa pitakonan kang kebak ing sirah aku mung klintih-klintih budal menyang ruangane. Eseme bu bos
kang STW jian tambah amba, biasane ora tahu brai iki dina mlipis boyis kaya bocah nomnoman. Mari paring pakaryan gage kaya pesawat tempur langsung kabur .Heluk kok sing disaut lengene Ardin. Yo weslah ngalah maneh lur, kalah dhuwur. (Joglo10022023)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

LINGSIRE YUSWA (Geguritan_Puisi Jawa)

                                                             Ilustrasi Google Dening Niken Haidar Wektune wis lingsir wengi, Ning nyatane ...