Sabtu, 04 November 2023

 #catetanepainemingmalemminggu

By Niken

Hmm... suwe ora ngakit ukara


Sakjane apa ta kang digoleki wong urip iku, anane ana ing njerone atine dewe-dewe. Nedha trima marang paringane Gusti, tansyah muji syukur yen bisa ora mung ing lathi ning uga ing laku. Urip iku mung sawang sinawang. Mendhem rasa, nyancang tembung kang tanpa guna, aja nganti ngepok senggol liyan, merga tatune liyan angel tambane.

Sakjane apa ta kang digoleki?

Coba dirasakake ana ing telenge ati sakdurunge kumecap, sakdurung lumaku. Saktitik rasa kemaki bisa dadekake lali marang Gustine. Apa ta gunane toh iku kabeh ora bakal kagawa ing tembe mburine.

Bijak laksana iku uwis wayahe kagawa ing laku saben dinane, iku martandhani sarira awus pasrah marang Gustine. Bismillah mugi tansyah pinaringan pengeling marang Kang Ngawe Urip lan Kanjeng Nabi Muhammad SAW. (JogloMoker4112023)




Tidak ada komentar:

Posting Komentar

LINGSIRE YUSWA (Geguritan_Puisi Jawa)

                                                             Ilustrasi Google Dening Niken Haidar Wektune wis lingsir wengi, Ning nyatane ...