Kamis, 18 Januari 2024

Misteri Rajapati

 Dening Niken Haidar

Isuk-isuk kampungku uwis geger umyek rame. Apa maneh mbok wedhok-wedhok iku, dastere dha dicincing padahal durung mesthi ngawe kathok.Mata kriyip-kriyik. Rambut madhul-madhul, ning aja kliru bibire wes padha abang mbranang. Malah gatot pawartane, kalah karo fashione kaum wedhok-wedhok .

Sikil iki ora krasa uwis tumekaning papan prakara. Ngeri tenan sesawangan ana ngarepe mripat. Jarene korban sing saiki kang nomer loro, lan nganti saiki durung ketemu sapa pelakune. Eramen kok, barang njerone tok  sing ilang ning awake isih wutuh, resik sisan ora ana tumetese getih blas kang ilang njeroane awak. Aja-aja barang jeroanne di dol, ning sapa sing gelem lho! Lha uripe wae ora kopen, saben dina kliweran ing got-got kang peteng ambune ora enak.  

Gedebag, gedebug! Suara apa ta ya, ya ! Nganggu wong turu wae. Age-age slimut tak pancal, melu mbok wedhok wes mlayu disik. Hii, ngeri nyawang mripat abang cumlorot ing njero kurungan jebakan. Ealah iki to pelakune rajapati garangan ireng sing mbuwang batange tikus sak karepe dewe. 

LabbiologiSpensasoo01032024


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

LINGSIRE YUSWA (Geguritan_Puisi Jawa)

                                                             Ilustrasi Google Dening Niken Haidar Wektune wis lingsir wengi, Ning nyatane ...