Kamis, 05 Mei 2022

Geguritan


 KAPANG SLIRAMU

Dening Anik Niken Asriningtyas


Endahe langit ing tengah wengi,

semilire angin nglayutake ati.

Ati kang tansyah kapang

Kapang solah bawa kusumaning ati.

Ana ing ngendi sliramu?

Amung iku pitakonku.

Marang angin

Marang rembulan

Marang gumebyare lintang

Ora ana setitik wae pawartamu

Aku mung bisa tansyah rinonce donga

Muga bisa sliramu urip mulya

Centhong18012022

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

LINGSIRE YUSWA (Geguritan_Puisi Jawa)

                                                             Ilustrasi Google Dening Niken Haidar Wektune wis lingsir wengi, Ning nyatane ...