Minggu, 16 Juni 2024

ISIH ANA ING ATIKU

 Dening Niken Haidar



 Ati kang layu

Ngilangake rasa ing dhasar samodra biru

Tali endahing asmara

Antarane aku klawan ndika

Kabur kanginan, katerak drajat pangkat kang kasat mata

 

Benang abang kang takiket ing jari manis

Ora kuwawa nahan godhane donya

Sliramu lunga gandheng priya liya

 

Lara pancen lara

Masiya uwis takampet ing njero dhadha

Ning atiku ora trima

Merga nganti saiki wewayangmu isih ngalela

Datan gelem lunga

Nyatane rasa tresna isih nunjem ana ing njero dhadha

Labkom16062024Mojokerto

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

LINGSIRE YUSWA (Geguritan_Puisi Jawa)

                                                             Ilustrasi Google Dening Niken Haidar Wektune wis lingsir wengi, Ning nyatane ...