Selasa, 25 Juni 2024

NGRANTES

 

Dening Niken Haidar



Adohe dalan uwis kajangkah. Sewu kutho uga uwis kasambangi. Mung  ngolek tamba ngrantese ati. Usadani wong kangen kang nunjem ing ati.

Pancen durung suwe anggonku kenal Kang Sohimin. Priyantun lembah manah. Suabar poll. Ora ana tandingane. masiya yen tak rasa. Praupane ta ora pati nganteng malah kaya Zuneyo. Tutik untune metu titik jarene wong-wong.

Ning piye maneh jenenge tresna, ora ana sing eruh. Watese benci lan cinta iku tipis banget. Jare lagu iku, benci iku bener-bener cinta. Lha dalah nyatane aku dewe kang ngalami. Mula bareng weruh Kang Sohimin lunga saka desa, aku uga cancut tali wanda ngoleki. Telik sandi tak sebar. Iki dina entuk setitik terange ati. Jare Kang Sohimin tuku omah anyar ana perumahan elit. Gage wae alamat kang kacekel ing tangan tak jujug. Teka plataran ana wanita STW dasteran wetenge guede banget. Ora watara suwe katon Kang Sohimin ngandeng boyoke kanthi mesra. Ajur mumur rasane ati, kok becik awak iki. Atase kaya Zuneyo tak labuhi ngetan bali ngulon mung jebule uwis dadi duweke liyan. Ealah ngrantes maneh jum-jum. (aulamoker25062024)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

LINGSIRE YUSWA (Geguritan_Puisi Jawa)

                                                             Ilustrasi Google Dening Niken Haidar Wektune wis lingsir wengi, Ning nyatane ...